Selasa, 04 Maret 2014

Sesorah Perpisahan

Nama  : Adelia Putri W
Nomer : 01
Kelas   : IX C
Perpisahan
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Kepala SMP N 2 Godean ingkang kulo hormati,
Bapak/Ibu Guru SMP N 2 Godean ingkang kula hormati,
Lan kanca-kanca kelas IX ingkang kula tresnani.
            Puji syukur ngarsa dalem ALLAH S.W.T amargi sampun maringi rahmatipun dhateng kita sedoyo sahengga kita tasih saged kempal manunggal ing enjing menika ing acara “Perpisahan kelas IX” tahun ajaran 2013/2014.
            Bapak Ibu ingkang kulo hormati, mbok bilih kulo sak kanca wonten kelepatan, kula sak kanca nyuwun panganputen. Saklajengipun kula saha kanca ngaturaken agung panuwun amargi piwulangipun Bapak Ibu Guru saengga kita saged lulus kanthi sae. Mugi-mugi sedaya wau dados amal jariyahipun Bapak Ibu Guru. Kula saha kanca nyuwun pangestu dhumateng Bapak Ibu Guru, mugi-mugi sedaya ilmu ingkang kula gayun saged kangge sangu gesang ing alam donya menika.Dhumateng kanca-kanca kelas IX, Ujian ingkang kita lampahi pancen awrat, nanging tasih awrat lan angel wonten ing ujian sak lajengipun.
Ing pungkasanipun kula saha kanca nyuwun donga pangestu dhateng Bapak Ibu Guru mugi kula lan saha kanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil. Sematen atur kula, kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

1 komentar:

  1. Head Titanium Tennis racket designed with the intention of giving it a unique
    T-Shirts are back titanium trim as seen on tv with all the usual head-style variations in the T-Shirt. Head titanium trim hair cutter Titanium Tennis race tech titanium racket. 1.1 x 0.1 x 1.1 titanium frames inches. titanium curling wand

    BalasHapus